Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Tuesday, November 15, 2011

Pas wayahe bulan purnama

by klaras ijo  |  in lucu lucu at  1:44 AM

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak bronpit. Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku. "Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas pacaran biyen ?" jare Muntiyadi. "Iyo cak, setuju." jare Romlah. Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku. Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen. Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh. Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat. Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket. "Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi. "Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume."

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire. "Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire. Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali. "Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge. Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu. Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali. "Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire. Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali. "Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune. Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji. "Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali. "Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun. Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak. Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek." "Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe. "Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip. Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau. Sui gak onok suorone blas... "Whuik jerune...," jare Sakri "Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip. Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang. Sepiii gak onok suorone.... "Whuik jerune...," jare Sakri "Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip. Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur. Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang. Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone... "Cik jerune lobang iki.." jare Sakri Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro. Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang. Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku. "He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'', takok Wak Dri. "Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip. "Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur  

0 komentar teman:

Proudly Powered by Blogger.